Wikipédia Jawa
525 subscribers
181 photos
139 links
Sugeng rawuh ing kanal resmi Wikipédia Jawa!

Grup: @jvwiki_grup
Proyèk:
jv.wikipedia.org
jv.wiktionary.org
jv.wikisource.org

Média sosial:
• Facebook: fb.com/jvwiki
• X: x.com/jvwikipedia
• Instagram: instagram.com/jvwiki
Download Telegram
Drumblèk (basa Indhonésia: Drumblek) ya iku drumbèn tradhisional kang asalé saka Kutha Salatiga. Kagunan iki diwiwiti déning Didik Subiantoro Masruri amarga wragad kang mèpèt kanggo tuku piranti drumbèn nalika Désa Pancuran, Kalurahan Kuthawinangun Lor, Kacamatan Tingkir, Kutha Salatiga arep mèlu ngramèkaké fèstival Ambal Warsa Kaping-41 Républik Indonésia ing taun 1986. Saora-orané nganti taun 2020, drumblèk kerep diwetokaké ing fèstival kagunan Kutha Salatiga.

Artikel candhaké ing: https://jv.wikipedia.org/wiki/Drumblèk
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa #WBTB #WarisanBudaya #CulturalHeritage #Salatiga
Pèk Bung (basa Indhonésia: Pek Bung) ya iku kagunan tradhisional kang diripta déning Suratmin lan Sumodele ing Désa Wijireja, Kapanéwon Pandhak, Kabupatèn Bantul, Daérah Istiméwa Ngayogyakarta nalika taun 1942.

Jeneng kagunan iki dijupuk saka pring kang dithuthuk uniné mak "pèk", sarta ban karèt kang kapasang ing klenthing uniné mak "bung". Kagunan iki wiwitané dianggo sarana dakwah agama Islam sarta kerep diwetokaké ing acara-acara tinamtu kaya ta pawiwahan, sunatan, merti dhusun, mangayubagya, lan pèngetan riyaya Islam.
---
Artikel candhaké ing:
https://jv.wikipedia.org/wiki/Pèk_Bung
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa #WBTB #WarisanBudaya #CulturalHeritage #Bantul
Pasaréan Ratu Mas Malang, Pasaréan Antakapura (basa Kawi: ”karaton pepati” utawa “karaton papan methak layon”), utawa Pasaréan Gunung Kelir (Carakan: ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦒꦸꦤꦸꦁꦏꦼꦭꦶꦂ; basa Indhonésia: Makam Gunung Kelir) ya iku situs cagar budaya tinggalan Amangkurat I utawa Amangkurat Agung kang papané ana ing Padhukuhan Gunung Kelir, Kalurahan Plèrèt, Kapanéwon Plèrèt, Kabupatèn Bantul, Provinsi Daérah Istiméwa Yogyakarta. Situs iki ana ing pucuk Gunung Sentana, kang dhuwuré + 99 mèter saka praèn samudra.

Anané pasaréan kasebut magepokan karo Ratu Mas Malang lan Ki Panjang Mas kang disarèkaké ing papan iki. Mas Malang ya iku anak saka Ki Wayah, sawijining dhalang wayang gedhog, sarta salah siji selir Amangkurat I. Sadurungé dadi sélir, dhèwèké dadi garwané Dhalang Panjang, salah sawijining dhalang kawentar ing wewengkon Kasultanan Mataram.
---
Artikel candhaké ing: https://jv.wikipedia.org/wiki/Pasaréan_Ratu_Mas_Malang
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa #WBTB
#WarisanBudaya #CulturalHeritage #Bantul
Musiyum Padhépokan Sumber Karahayon (basa Indhonésia: Museum Padepokan Sumber Karahayon) inggih punika musiyum ingkang dumunung wonten ing Padhekahan Tegal, Kalurahan Jambidan, Kapanéwon Banguntapan, Kabupatèn Bantul, Provinsi Daérah Istiméwa Ngayogyakarta.

Musiyum punika dipun pandhégani déning Ki Wiryodikarso utawi Mbah Pleret lan rumiyin dipun wastani Padhépokan Sumber Karahayon. Ing tanggal 1 Oktober 1980, gedhong kasebat dipun paringaken dhumateng Pamaréntah Kabupatèn Bantul lan dipun tampi déning Bupati Bantul nalika semanten, R. Soetomo Mangkoesasmito. Musiyum punika sapunika dipun lestantunaken déning anggota Yeyasan Handadénta.
---
Artikel candhakipun ing:
https://jv.wikipedia.org/wiki/Musiyum_Padhépokan_Sumber_Karahayon
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa #WBTB #WarisanBudaya #CulturalHeritage #Bantul