Wikipédia Jawa
526 subscribers
179 photos
137 links
Sugeng rawuh ing kanal resmi Wikipédia Jawa!

Grup: @jvwiki_grup
Proyèk:
jv.wikipedia.org
jv.wiktionary.org
jv.wikisource.org

Média sosial:
• Facebook: fb.com/jvwiki
• X: x.com/jvwikipedia
• Instagram: instagram.com/jvwiki
Download Telegram
Ngaturaken rahayu wilujeng, Kanca Wiki!

Komunitas Wikimédia Ngayogyakarta anggelar pasanggiri nyerat artikel babagan ‘Papan Wisata’ ing Wikipédia basa Jawi.

Kumpetisi punika badhé dipun wiwiti surya kaping 15 Sèptèmber 2023 lan kagelar dangunipun udakawis satunggal wulan. Sadhèrèk ingkang mimpang badhé pikantuk pigegel mirunggan.

Info jangkepipun saged dipun priksani wonten ing: https://bit.ly/wikiplesir2023

Manawi wonten pitakènan sanèsipun saged sesambetan kaliyan Fandy (+62838-6181-8180) lan Dandung (+62813-2992-3878) utawi lumantar yogyakarta@wikimedia.or.id!
Ngaturaken rahayu wilujeng dhumateng sedaya Kanca Wiki!

Wiwit jaman rumiyin, tumindak kamulyan punika wigatos sanget menggah para tiyang Jawi.

Pramila wonten salebeting jagad Jawi, wonten ungel-ungelan "Trahing kusuma rembesing madu, wijiling amaratapa tedhaking andanawarih" ingkang ateges "Para pangarsa lan aluhur punika badhé nedhakaken putra ingkang luhur ugi".

Sanadyan boten sedaya trep kados makaten, ananging ing jaman sapunika ugi taksih kathah masarakat ingkang sami ngugemi ungel-ungelan punika.
---
Menawi panjenengan kagungan pirsa babagan paribasan Jawi, mangga sami katuran ndhèrèk ngrembakakaken kawruh ing:
https://www.wikiquote.org/
---
#Javanese #Wikipedia #Wikimedia #Jawa
#Trah #Keturunan #Generation #QOTD
Ngaturaken wilujeng mèngeti Dinten Prasetyaning Para Mudha dhumateng sedhèrèk kadang tumaruna bangsa Indonésia!
---
Poto ingkang kapacak nginggil punika "KITLV A914 - Excursie naar de Tjandi Prambanan door de afdeling Djokja en Solo van Jong Java onder leiding van de heer Soetopo, KITLV 45796" saged dipun aksès ing:
https://commons.wikimedia.org/wiki/File:KITLV_A914_-_Excursie_naar_de_Tjandi_Prambanan_door_de_afdeling_Djokja_en_Solo_van_Jong_Java_onder_leiding_van_de_heer_Soetopo,_KITLV_45796.tiff
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa
#SumpahPemuda #SumpahPemudaIndonesia
Punthuk Bégo (basa Indhonésia: Bukit Bego) utawa Punthuk Kedhung Buweng yaiku papan wisata kang awujud turahan proyèk dhudhukan palemahan kang papané ana ing Dalan Imagiri–Dlingo, Dhusun Kedhung Buweng, Désa Wukirsari, Kapanéwon Imagiri, Kabupatèn Bantul, Propinsi Daérah Istiméwa Ngayogyakarta.
---
Artikel candhaké bisa diwaca ing:
https://jv.wikipedia.org/wiki/Punthuk_Bégo
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa
#BukitBego #Bantul #Jogja
Sugeng siyang, Kanca Wiki!

Boten kraos dangu, sapunika sampun pepanggihan malih ing dinten Slasa. Pramila ing rubrik Slasan Paribasan punika admin badhé caos satunggaling bebasan Jawi ingkang pepindhanipun maésa.

Wonten ingkang sampun sami mrangguli? Sumangga saged dipun priksani sesarengan!
---
Gambar nginggil punika “Plate 13: buffalo lying down, from 'Various animals' (Diversi animali)” saged dipun aksès ing:
https://commons.wikimedia.org/wiki/File:Plate_13-_buffalo_lying_down,_from_%27Various_animals%27_(Diversi_animali)_MET_DP817859.jpg
---
#Javanese #Wikipedia #Wikiquote #Jawa
#Quotes #QOTD #Buffalo
Wilujeng amèngeti Dinten Ringgit dhumateng para sutresna budaya Jawi!

Saben tanggal 7 Nopèmber punika ajeg dipun pèngeti minangka Dinten Ringgit. Dinten punika angleresi kaliyan putusaning UNESCO ing tanggal 7 Nopèmber 2003 ingkang netepaken ringgit minangka "Masterpiece of the Oral and Intangible Heritage of Humanity".
---
Panjenengan saged nyumbang kawruh bab ringgit ing artikel punika:
https://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa #Wayang #HariWayang #ThePuppet #WayangDay
Keparenga kula ngaturaken Sugeng Dinten Dwija dhumateng sedaya guru ing Nuswantara. Mugi lampahipun para putra bangsa sangsaya wiyar lan padhang angajengi mobah mosiking jaman.
---
Gambar nginggil punika asesirah "Javaanse studenten uit de 2de klas van de Inlandsche School te Klaten, poseren vermoedelijk ter gelegenheid van het behalen van de cursus goeroe desa kasoenanan" saged dipun aksès ing:
https://commons.wikimedia.org/wiki/File:KITLV_A142_-_Javaanse_studenten_uit_de_2de_klas_van_de_Inlandsche_School_te_Klaten,_poseren_vermoedelijk_ter_gelegenheid_van_het_behalen_van_de_cursus_goeroe_desa_kasoenanan,_KITLV_182865.tiff
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa
#TeachersDay #Teachers #HariGuru #Guru
Sugeng sonten, Kanca Wiki!

Punapa sampun naté mireng tembung 'ontran-ontran'? Menawi dèrèng sumerep, mangga sami katuran nyemak kintunan punika.
---
Panjenengan saged ndhèrèk nyumbang kawruh bab pitembungan ing Wikisastra:
https://jv.wiktionary.org/wiki
---
#Javanese #Wikipedia #Wiktionary #Jawa
#Tembung #Word #Kata #OntranOntran
Ngaturaken "Sugeng Dinten Ibu" dhumateng sedaya wanodya prakosa ing Bumi Nuswantara!
---
Gambar nginggil punika asesirah "A Javan Woman of the lower class" saged dipun-aksès ing:
https://commons.wikimedia.org/wiki/File:Raffles_A_Javan_Woman_of_the_lower_class.jpg
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa
#MothersDay #HariIbu #Ibu
Sugeng Wiyosan Dalem! 🎄

Berkah Dalem Gusti mugi tansah linubèrna dhateng kula panjenengan sami.
---
Gambar nginggil punika saged dipun-aksès ing:
https://commons.wikimedia.org/wiki/File:The_birth_of_Jesus.jpg
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa
#Christmas #Natal
Sumangga sami katuran rawuh wonten ing acara Kopi Dharat Wulan Wiki Wanodya kanggé mahargya Dinten Wanodya Sajagad!

Ing acara punika, kula panjenengan sami badhé sesarengan mbesut proyèk wiki kanthi topik kasarasan wanodya.

Énggal ndhaptar lumantar pranala punika:
https://bit.ly/wmid-daftarkopdarjogja

NB: Sedaya gènder kasumanggakaken rawuh.

Bok bilih wonten pitakènan utawi pamanggih, mangga sesambetan kaliyan Mia (082138004899).
Panjenengan pesthinipun sampun mireng cakepan tembang ingkang ungelipun "Pindha samodra pasang kang tanpa wangenan".

Wondéning kanca-kanca punapa sami mangertos tegesipun tembung 'pindha'? Bok bilih dèrèng, sumangga sami katuran nyemak kintunan tembung Jawi ing dinten punika.
---
Panjenengan sambung paring pasumbang kawruh bab tetembungan ing Wikisastra:
https://jv.wiktionary.org/wiki/
---
#Javanese #Wikipedia #Wiktionary #Jawa
#Tembung #Word #Kata #Pindha
Ngaturaken rahayu wilujeng, Kanca Wiki!

Komunitas Wikimédia Ngayogyakarta tembayatan kaliyan Wikimédia Indonésia lan GLAM Indonésia badhé ngawontenaken Pasanggiri Wikisumber 2024, inggih punika pasanggiri nitiwaos lan nyerat saking buku-buku abasa Jawi ingkang sampun cumawis ing Wikimedia Commons.

Pasanggiri badhé dipun wiwiti surya kaping 6 dumugi 20 Maret 2024.

Para panyarta ingkang saged ngempalaken biji paling kathah badhé pikantuk bebingah ingkang mirunggan.

Info jangkepipun saged dipun pirsani ing pranala https://bit.ly/wmid-wikisumber2024

Sumangga sami ndhaptar ing pranala http://bit.ly/wmid-dhaptarwikisumber2024

Narahubung: Dessyil (0838-2636-1196)
Ing warsa punika, Wikipédia Jawi sampun jangkep yuswa 20 taun!

Pramila admin ngaturaken agenging panuwun dhumateng para kanca ingkang sampun nyengkuyung tuwin ngregengaken tuwuh rembakanipun kawruh abasa Jawi ing jagat maya.

Guyub sesarengan nguri-uri jiwaning Jawi.
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa
#Anniversary #WikiJawa20
#AmbalWarsa #UlangTahun
Wilujeng Mahargya Raina Nyepi 1946 Saka dhateng para sedhèrèk umat Hindhu Darma! 🙏
---
Gambar nginggil punika asesirah "Pradaksina di Candi Prambanan" saged dipun aksès ing:
https://commons.wikimedia.org/wiki/File:Pradaksina_di_Candi_Prambanan.jpg
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa
#Nyepi #Hindu #Dharma
Boten kraos sapunika wulan Siyam sampun dumugi. Pramila keparenga kawula ngaturaken Wilujeng Nindakaken Ibadah Siyam kagem para sadhèrèk muslim ing Tanah Jawi.

Mugi kula panjenengan sami saged ngudi berkah kasaénan ing wulan Ramelan.
---
Gambar nginggil punika asesirah "Masjid Menara Kudus" lan saged dipun aksès wonten:
https://commons.wikimedia.org/wiki/File:Masjid_Menara_Kudus.jpg
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa
#Ramadhan #Ramadan #Puasa #Pasa
Wilujeng Jumuwah Adi dhumateng para umat Nasrani.

Mugi karukunan tresna tuwin asih tansah linubèraken tumrap para janma saindenging donya.
---
Gambar "St. Anthony Church Surakarta" punika saged dipun aksès ing:
https://commons.wikimedia.org/wiki/File:Gereja_Santo_Antonius_Purbayan_Solo_by_Bennylin_03.jpg
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa
#GoodFriday #JumatAgung #JumuwahAdi
Ngaturaken Sugeng Riyadi dhumateng sedaya ingkang sami mahargya dinten adi punika!
---
Gambar nginggil punika saged dipun-aksès wonten ing:
https://commons.wikimedia.org/wiki/File:Masjid_Wustho_MN_sisi_tenggara_dengan_minaret_(DSC_0822).JPG
---
#Javanese #Wikipedia #Jawa
#IdulFitri #EidalFitr #Mubarak
Sugeng Dinten Kartini dhumateng para putri Nuswantara!

Sumangga sesarengan ngudi jati dhirinipun putri bangsa ingkang tata susila ruruh anor raga lan gregetipun makantar-kantar kanggé lelabetan bangsa tuwin nagari.
---
Gambar "Potrait of Kartini" punika saged dipun aksès wonten ing:
https://commons.wikimedia.org/wiki/File:Potret_kartini_8_1.jpg
---
#Kartini #KartiniDay #HariKartini
#Javanese #Wikipedia #Jawa